Wacana Budaya Jawa

Jroning karangan critan iku mesthi ana :
• Underan (tema) kang dadi bakuning critan
• Wong / paraga (tokoh cerita) kang dicritakake
• Ana reroncening prastawa (alur cerita) kang dialami
• Ana papan (latar/ tempat) kang dadi pedunungane paraga lan prastawane.
Crita iku kababar awit wong kang nulis duwe karep
Tumuju marang wong kang padha maca tulisane.
Karepe penulis kang dititipake lumantar tulisane iku lumrahe diarani PITUNGKAS (amanat).
Dene wujude arupa wangsulane pitakon :
“Geneya sing dadi lakon iku dicritakake ?” utawa
“Amrih apa prastawa iku dicritakake ?”
Babakane Nulis Karangan
• Nulis karangan iku ana babakane kang urutane ora kena diwolak-walik yaiku :
a. Milih underan
b. Nemtokake ancas / karep (tujuan)
c. Netepake jinising karangan
d. Nglumpukake bebakal (bahan)
e. Nggawe rengrengan utawa ragangan (kerangka)
f. Nggelar rengrengan dadi karangan
g. Ndandani karangan nganti sampurna

Manut babakan ing ndhuwur iku, tumapaking kridha kang kapisan jroning ngarang yaiku milih
UNDERAN, dudu gawe sesirah utawa irah-irahan (judul), jalaran sing arep dijlentrehake dadi karangan iku dudu sesirahe, nanging UNDERANE PRAKARA.
Awit underan iku mangsuli pitakon “Apa ta kang arep dicritakake”.
Mula tanpa underan ora ana sing bisa diwedharake dadi CRITAN
Wondene sesirah iku mung arupa gambaran satleraman ngenani apa utawa sapa kang dicritakake.
Mula sesirah bisa digawe sawise karangan sawutuhe rampung tinulis.
Gunane Ancas / Karep
Iku kanggo netepake jnising karangan sing arep ditulis.
Yen jinise wis ditetepake, karangan lagi ditulis.

Bebakal (bahan)
• Akeh wong sing bingung dhewe awit durung duwe bebakal sing kanggo pawitane nulis.
Mula, sadurunge nulis karangan sawutuhe prayoga banget yen nglumpukake bebakalane luwih dhisik.
Rengrengan / ragangan
Minangka paugeran kanggo nggelar underan dadi karangan, perlu digawekake rengrengan utawa ragangane.
Ragangan iku sing arep dielar lan digelar , dijereng lan dijlentrehake kanthi njlimet dadi karangan sing samesthine.
Mulane kang dadi rengrengan iku ora liya, lajering gagasan kang arep dijlentrehake kanthi memet.
Dene pangelar lan panggelare bisa manut CARA MIJANG (deduktif) utawa CARA NYINDHET (induktif).
Nggelar Rengrengan dadi karangan
Dene pangelar lan panggelare bisa manut CARA MIJANG (deduktif) utawa CARA NYINDHET (induktif)
Ndandani karangan nganti sampurna
Yen karangan wis dadi, nanging durung sreg ati utawa durung sampurna, lan apa maneh isih lodhang wektune, becike karangan iku didandani.
Yen ana tulisan kang salah, ana tetembungan kang kurang trep pamilihe, utawa ana ukara kang kurang cetha karepe, prayogane didandani (disampurnakake).
Yen durung ana sesirahe utawa durung salaras karo isine, enggal dirampungake sadurunge dipasrahake/ dikumpulake.
Wangune Karangan Critan
Karangan critan utawa narasi ana sing arupa CRITAN REREKAN (Narasi fiksi)
Kang dumadi saka pangolahing, daya kayal, lan ana sing arupa CRITAN KANYATAN (Narasi nonfiksi)
Kang dumadi saka pangolahane kadadeyan satemene.
Isine Karangan Critan
Manut isine karangan critan dumadi saka telung perangan yaiku :
1. Wiwitan (pambuka)
2. Pancer (bakuning karangan)
3. Pungkasan (panutup)
Wewangun (struktur)
Manut wewangun utawa perangan kang nyengkuyung pandhapuking critan iku ana limang tataran yaiku :
1. Panepungan (pengenalan)
2. Punggahan (pendakian )
3. Pameritan (puncak/ klimaks)
4. Patedhakan (penurunan, peleraian )
5. Pambengkasan (penyelesaian)



Wacana CITRAN
Wacana citran iku bisa ngenani :
 Barang
 Manungsa
Adhedhasar panitipriksa utawa rerungon.
Ancas Karangan Citran
Manut ancase, karangan citran iku ditulis amrih wong sing maca bisa tuwuh daya kayale ngenani barang utawa kadadeyan kang ditulis.
Ing pangajab , senajan mung maca tulisan, wong sing maca rumangsa prasasat meruhi dhewe barang utawa kadadeyane.
Supaya wong sing maca tuwuh kayalane lan temahane rumangsa ngalami utawa nyumurupi dhewe
Mula samubarang sing dicritakake kudu dijlentrehake kanthi njlimet.
Yen sing dicritakake awujud uwong, kewan utawa wewangunan, saben perangane dijlentrehake kanthi cetha.
Yen awujud kadadeyan, urut-urutane kadadeyan utawa gambaran wujuding swasana dijlentrehake manut apa anane.
Kanthi cara mengkono, jroning daya kayale bakal ana blegere (sosok) utawa wewayangane apa kang tinulis.

WACANA CIHNAN
Karangan cihnan ora adoh bedane karo karangan wedharan.
Sakarone padha-padha mengku karep njembarake wawasan lan kawruhe wong sing maca.
Bedane, karangan cihnan luwih ngener marang pambuktiyane.
Karangan Cihnan
Yaiku karangan kang isine panemu dikantheni bukti-bukti arupa angka, gambar lsp supaya wong kang maca padha percaya marang sing diwedharake kang nulis
Ancas karangan cihnan
Kejaba mengku karep njembarake wawasan lan kawruhe wong sing maca, uga mengku sedya kang luwih mirunggan
Yaiku nuwuhake keyakinan marang wong sing maca
Amrih sing maca yakin yen sing dicethakake iku bener , jroning karangan cihnan disuguhake bebuktene kang nyata kanthi landhesan kang tinemu nalar.
Kejaba mengku karep njembarake wawasan lan kawruhe wong sing maca, uga mengku sedya kang luwih mirunggan
Yaiku nuwuhake keyakinan marang wong sing maca
Amrih sing maca yakin yen sing dicethakake iku bener , jroning karangan cihnan disuguhake bebuktene kang nyata kanthi landhesan kang tinemu nalar.
Bedane wong nulis karangan wedharan lan karangan cihnan
• Yen wong nulis karangan wedharan ora duwe niyat ngaribawa wong sing maca,
• Wong sing nulis karangan cihnan malah ngarah-arah bisowa ngaribawa wong sing maca amrih tuwuh rasa yakine yen panemune wong sing nulis pancen bener.
• Wong sing nulis karangan cihnan mbudidaya amrih wong sing maca gelem nyingkiri panemu sing kleru.
Kanggo nuwuhake keyakinan iku,
Jroning karangan cihnan disuguhake angka-angka, gambar, peta, grafik, lan liya-liyane minangka tandha bukti nyatane.
Tengara (ciri-ciri) kang mligi karangan cihnan :
• Panemu kang diwedharake kanthi mitayani
• Landhesan kang mitayani kanggo nyengkuyung panemune
• Ringkesan/ pepuntoning panemu.

WACANA WEDHARAN
• Manut ancasing sedya, karangan wedharan iku ditulis amrih bisa njembarake awasan utawa kawruhe wong sing maca.
• Wong sing nulis karangan iki bakal mbeber lan nggelar apa-apa kang wis dialami kanthi cetha.
Amrih pamedhare bisa gamblang tumrap sing maca,
Nulis karangan iki digunakake katrangan, bukti, angka-angka utawa gambar amrih bisa nelakake blegering wedharan iku.
Mula ana sing kandha yen karangan wedharan iku mulang wong sing maca.
Kanggo nulis karangan wedharan kang becik:
• sapa bae kudu mangerteni tenan jejering prakara kang arep dijlentrehake.
• Kudu bisa ngandharake prakarane kanthi terwaca lan sanyata-nyatane
Kanthi mengkono, wong sing nulis bisa nularake kawruhe marang wong sing
maca.
Nulis karangan wedharan kayadene critan lan citran :
• Kudu nuruti babakane.

• Yen wis digawekake rengrengane, panggelare rengrengan bisa nuruti cara tutburi iki :
a. Saka bab kang winates tebane dijereng nganti kang jembar tebane ( khusus ke umum)
b. Dijlentrehake manut urutan titilaksanane (proses) dumadine
c. Dimekarake kanthi menehi tuladha-tuladhane.

WACANA RIMUKAN
• Karangan rimukan meh padha karo karangan cihnan.
• Bedane, jroning karangan cihnan sing nulis mung duwe sedya amrih sing maca precaya karo panemune, nanging jroning karangan rimukan ora mung tekan semono. Yen sing maca wis precaya, banjur dirimuk, dibebujuk utawa diprabawani amrih nuruti karepe.
Karangan Rimukan bakune,
Mrebawani wong sing maca amrih nuruti karepe sing nulis, mula jroning karangan iku dipilih tetembungan kang ngemu sedya ngojok-ojoki, ngarih-arih, utawa ngrerimuk.
Carane :
Bisa kanthi nyethakake kaluwihane, kebagusane, enake, awete, lsp utawa aweh tetimbangan ngenani bab regane kalawan kasiyate.
Malah ana kalane wong sing nulis aweh lesan (saran) utawa pamrayoga marang wong sing maca.
Ing pasrawungan pedinan, tulisan kang ngemu daya rimukan iku awujud IKLAN.

0 komentar: